Menyang kontèn

Hermes

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Hermes (Basa Yunani: Ἑρμῆς) punika déwa ingkang mbeta pesen wonten ing mitologi Yunani. Hermes punika wiyos wonten ing Gunung Kellina ing Arkadia. Hermes putra saking Zeus lan Maia sarta kalebet salah satunggaling déwa Olimpus. Hermes punika pelindung laladan winatesan, para pangelana, gembala, sesorah, sastra lan puisi, ulah raga, pangukuran, patemon, lan sesadéan [1][2]. Simbolipun kados ta bulus, pitik jago, sandhal lan topi ingkang wonten swiwinipun, lan kadukeus (tongkat saking Apollo saking patemon Lira). Wonten ing mitologi Romawi, Hermes punika minangka Merkurius, déwa perdagangan ingkang dipunadaptasi saking mitologi Etruska.

Kajawi manggihaken lira, Hermes ugi dipunpitadosi manggihaken manéka jinis ulah raga kados ta gulat, balap, lan tinju saéngga dipunwastani minangka déwa atletik. Hermes punika dados palindung para ulah ragawan lan paring pambiyantu dhateng altet ingkang gerah. Para pelancong ugi pari sesembahan dhateng Hermes sadèrèngipun tindakan supados slamet anggènipun tindakan.

Minangka déwa ingkang mbeta pesen, Hermes gadhah tugas ngirim pesen saking para déwa ing Olimpus dhateng para manungsa. Hermes ngginakaken sandhal ingkang wonten swiwinipun nalika nglampahi tugasipun. Tugas mbeta pesen ugi dipunlampahi déning dewi Iris. Kajawi punika Hermes ugi gadhah tugas paring pambiyantu dhateng para roh supados manggihaken margi dhateng donya bawah. Hermes punika salah satunggaling déwa ingkang saged mlebet lan medal donya bawah kanthi bébas. Déné déwa sanèsipun ingkang saged nglampahi pérangan kasebat inggih punika Hades, Persefone, Hekate, lan Thanatos.

Hermes punika déwa paling enèm nomer kalih ing antawisipun déwa Olimpus sasampunipun Dionisos. Hermes ugi wonten gayutan kaliyan Afrodit lan gadhah laré kanthi nama Hermafroditos.

Ètimologi

[besut | besut sumber]
Patung sirah Hermes saking abad kaping 5 SM, nedahaken citra wiwitan Hermes minangka priyantun kakung ingkang sepuh.

Nama Hermes punika asalipun saking Basa Yunani, herma. Déné Herma punika cagak persegi saking watu utawi perunggu ingkang wonten patung sirah ing pérangan nginggil lan patung piranti kelamin priyantun kakung ing pérangan ngandhapipun. Nalika masa kuna, cagak punika padatanipun mapan wonten ing laladan watesan supados dados kabegjan. Pérangan punika wonten gegayutanipun kaliyan peran Hermes ingkang wiwitanipun kalebet simbol piranti kelamin lan watesan sadèrèngipun dipunsembah minangka déwa perdagangan lan perjalanan [3].

Pamujan

[besut | besut sumber]

Kuil Hermes wonten ing Yunani lan pusat pamujanipun wonten ing Feneros, Arkadia, papan kanggé festival Hermonea ingkang dipunwontenaken kanggé paring pakurmatan. Kathah lukisan témbok ingkang dipunpersembahaken dhateng Hermes kapanggihaken wonten ing agora kutha Athena. Wonten ing gegayutanipun kaliyan agora (pasar), Hermes punika minangka déwa pelindung perdagangan [4].

Ajejuluk

[besut | besut sumber]
Patung ingkang nggambaraken Hermes ingkang mbeta domba Krioforos.

Hermes punika gadhah kathah ajejuluk kados ta:

  • Krioforos (ingkang mbeta wedhus utawi domba),
  • Argeifontes (ingkang matèni Argus),
  • Agoraios (ingkang gadhah agora),[4]
  • Akakesios (saking Akakos),
  • Kharidotes (ingkang paring pesona),
  • Killenios (wiyos wonten ing Gunung Killene),
  • Diaktoros (ingkang mbeta pesen),
  • Dolios (ingkang ngatur strategi utawi siasat),
  • Enagonios (panguasa perlombaan),
  • Enodios (ing lelampahan),
  • Epimelios (njagi ternak),
  • Eriounios (ingkang mbeta kabegjan),
  • Psikhopompos (pengantar roh),
  • Poligios.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Norman O. Brown, Hermes the Thief: The Evolution of a Myth, (Madison: University of Wisconsin Press), 1947.
  2. Walter Burkert, Greek Religion 1985 section III.2.8; "Hermes." Encyclopedia Mythica from Encyclopedia Mythica Online.
  3. Crystalink: Hermes
  4. a b Mabel Lang (1988). Graffiti in the Athenian Agora (PDF). Excavations of the Athenian Agora (édhisi ka-rev.). Princeton, NJ: American School of Classical Studies at Athens. kc. 7. ISBN 87661-633-3. Diarsip (PDF) saka asliné ing 2005-12-25. Dibukak ing 2007-04-14. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]