Menyang kontèn

Aksara Arab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Aksara Arab sing kadhangkala ingaran abjad hija'iyah, asal saka aksara Aramaik (saka basa Syria lan Nabatea), ing ngendi abjad Aram ana kamiripan karo abjad Koptik lan Yunani. Katon prabédan panulisan antara Magribi lan Wétan Tengah. Antara liya panulisan aksara qaf lan fa. Ing tlatah Maghribi, aksara qaf lan fa ditulis nganggo titik ing ngisor lan siji titik ing dhuwré.

Aksara Arab
هـ
Pégon
ڎ ڟ ڮ چ ڠ ۋ ۑ
Sajarah · Transliterasi
Sandhangan · hamzah ء
Angka
Aksra Pocapan
ا alif
ب ba
ت ta
ث tsa
ج jim
ح ḥa
خ kho
د dal
ذ dzal
ر ro
ز zay
س sin
ش syin
ص ṣod
ض ḍod
ط ṭo
ظ ẓo
ع 'ain
غ ghoin
ف fa
ق qof
ك kaf
ل lam
م mim
ن nun
و wau
هـ ha
لا lam alif
hamzah
ي ya

Dhialèk

[besut | besut sumber]

"Arab Umum" utawa "Al-'Arabiyyah Al-'Ammiyah" iku basa Arab sing dianggo ing pacelathon sadina-dina ing tlatah Arab, lan béda banget karo Basa Arab tulisan. Prabédan dhialèk paling utama yaiku antara Afrika Lor (Magribi) lan pérangan wétan Tengah (Hijaz). Faktor sing njalari prabédan dhialèk basa Arab yaiku prabawa substrat (basa sing dipigunakaké sadurungé basa Arab teka). Upamané ing tembung yakūn (tegesé "iku"), ing Irak ingaran aku, ing Palestina fih, lan ing Magribi ingaran kayən.

Pratélan dhialèk utama ing Arab:

  • Dhialèk Meṣir مصري: Dianggo déning watarar 76 yuta rakyat Meṣir.
  • Dhialèk Maghribi مغربي: Dianggo déning watara 20 yuta rakyat Afrika Lor.
  • Dhialèk Levantine: Disebut uga Dhialèk Syam. Dianggo ing Syria, Palestina, Lebanon lan Gréja Maronit Siprus.
  • Dhialèk Iraq عراقي: Nduwèni prabédan mirunggan, yaiku prabédan dhialèk ing lor lan kidul Iraq
  • Dhialèk Arab Timur بحريني: Dianggo ing Oman, ing Arab Saudi lan ing Irak pérangan Barat.
  • Dhialèk Lempongan خليجي: Dianggo ing laladan Lempongan, yaiku ing Qatar, Uni Emirat Arab lan Saudi Arabia.

Sauntara dhialèk liya yaiku:

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]