News

basa jawa

Aksara Jawa kanggo nulis terjemahan WordPress

basa jawa

  • Aksara Jawa kanggo nulis terjemahan WordPress

    Aksara Jawa kalebu aksara sing tuwa umure. Sakdurunge nganggo aksara latin bahasa jawa ditulis nganggo aksara Jawa. Bahasa Jawa yen ditulis nganggo aksara Jawa luwih pas pangucapan lan artine. Semana uga yen terjemahan polatan aplikasi-aplikasi kayadene WordPress ditulis nganggo aksara jawa, bakal nampilake kasil sing luwih pas lan bener pangucapane. Aksara Jawa kuwi wiwit tahun…

    Read Post

  • WordPress 4.9 “Tipton”

    Ngapiki Pengracik, Mriksā kaluputan kode lan liya-liyané! 🎉 WordPress Versi 4.9 dijenengi “Tipton” kanggo ngurmati musisi jazz lan pemimpin band Billy Tipton, saiki uwis cumawis kanggo diundhuh utāwā kanggo nganyari nang dasbor WordPress sampéyan. Fitur anyar versi 4.9 iki bakal nggampangi disain alur kerjā sampéyan lan njagani sākā kaluputan panulisan kode. Fitur rancangan orèt-orètan, panjadwalan, lan…

    Read Post

  • WordPress 4.9 RC 2 Cumawis

    Dinā iki WordPress 4.9 RC 2 uwis cumawis, kurang luwih ānā 20 owahan anyar uwis dipasang nang versi sing RC 2 iki. Kurang luwih ānā 7 dinā manèh pinuju tanggal 14 November sing dadi target tanggal resmi rilis 4.9 sing stabil. sumber: WordPress 4.9 Release Candidate 2

    Read Post

  • WordPress 4.9 RC uwis Cumawis!

    Dinā iki WordPress 4.9 Release Candidate nembé waé dirilis. Sampéyan bisā mélu ngréwangi ngujicoba lan métani paket RC iki mbok menāwā ésih nemu sapèrangan kaluputan nang sajroning program. Yén uwis ora ānā alangan manèh berarti versi iki siap kanggo situs produksi lan versi sing stabil bakal dirilis ora suwé manèh. Miturut jadwal rilisé,  yakuwi tanggal…

    Read Post

  • Kelompok Elit Up todate

    Saben negārā nduwéni bāsā Nasional dhéwé-dhéwé sing dienggo déning masyarakaté. Negara Indonesia nduwéni Bahasa Indonesia sing dadi bāsā nasional lan bāsā resmi negara. Nanging ora saben negara nduwéni bāsā lokal utāwā daerah. Indonesia kalebu negara sing nduweni bāsā lokal/daerah sing akèh cacahé. Ānā bāsā Jawa, bāsā Sunda, bāsā Bali, bāsā Batak, bāsā Banjar, bāsā Aceh…

    Read Post

  • WordPress 4.8 Rilis Paket Bāsā Jawa

    Uwis suwé banget, kurang luwih limang tahun kepungkur WordPress nduwéni versi undhuhan nganggo bāsā Jawa yakuwi versi 3.x. Saiki WordPress uwis ānā versi 4.8 lan versi 4.9 sing ésih pangembangan, nanging durung ānā Paket Rilis versi bāsā Jāwā sing cumawis. Sewulan kepungkur iki Tim Penerjemah Bāsā Jawa kerja keras, kerjā marathon kanggo nerjemahaké versi 4.8.…

    Read Post

  • WordPress nyengkuyung Aksara Jawa

    WordPress kuwi bisa kanggo nulis aksara-aksara lokal ing dunya sing uwis kedaftar resmi nang unicode (paling anyar saiki versi 13.0). Kalebu aksara jawa (carakan) sing kawit versi 5.2 uwis kedaftar nang unicode mlebu nang blok Javanese A980-A9DF ing wulan Oktober tahun 2009. Character(decimal) Decimal Character(hex) Hex Name ꦮꦀ 43392 ꦮꦀ A980 JAVANESE SIGN PANYANGGA (combined…

    Read Post

  • Mānggā Mbiyantu Nerjemahaké WordPress bāsā Jawa

    Saiki wis cumawis kanggo sapa waé sing kepéngin mbiyantu nerjemaahké WordPress bāsā jawa iki. Neng kene https://translate.wordpress.org/projects/wp/dev. Dadi menawa Panjenengan ngrasakaké tembung tembung sing dienggo neng WordPress bāsā jawa iki kurang prayogi Panjenengan isa maringi pamrayogi neng kānā. Menawa kepengin maringi pamrayogi kanggo WordPress sing durung njedul isa klik neng kéné https://translate.wordpress.org/projects/wp/dev/jv/default Menawa kepengin maringi pamrayogi…

    Read Post

  • Ngganti bāsā WordPress standar dadi Bāsā Jawa

    Babagan ngganti basane blog WordPress standard dadi WordPress basa jawa wis tau tak tulis neng blog ku pribadi nanging iki tak baleni maneh neng kéné. Amargā aku kepéngin ben akéh kanca-kanca sing nganggo WordPress basa jawa iki lan iso maringi aku pamrayogi babagan basa jawa sing dienggo neng WordPress Basa Jawa iki. Saktenane menawa Panjenengan…

    Read Post

  • WordPress basa Jawa wis cumawis

    Kulo Nuwun Punika tulisan kapisan neng blog WordPress basa jawa iki. Sakpunika WordPress nganggo basa Jawa wis cumawis neng kene. Panjenengan iso ngunduh kabeh paket WordPress basa Jawa nganggo pranala sing cumawis ono kene. WordPress basa Jawa iki isih lagi wae lahir. Menawa dipadhakke karo manungsa isih bayi. Isih lagi sinau mlaku lan matur. Amarga…

    Read Post